Minggu, 14 September 2014



Mas ogut : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
darno : Opo meneh....
Mas Ogut : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang? Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Ogut : Wah, yo PINTER jebule....!
Darno : Wong kene kok,...
Mas Ogut : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Darno : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Ogut : We lha, isonan jebule...!!!
Darno : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Ogut : Ngece ik....
Darno : Wis takon opo meneh?
Mas Ogut : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Darno : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Ogut : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Darno : Aku ki mboh kok....
Mas Ogut : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Darno : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Ogut : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Darno : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Ogut :He..he..he..!!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar